dèning NURDIN M. NOER

Ketua Lembaga Basa lan Sastra Cerbon (LBSC)

BASA si mbok (sembok) utawi basa ibu, yaniku basanipun mimi ngrupiyaken basa tutur kawitan ingkang dipun ajaraken dèning mimi (ibu) dumateng pecil-pecilè.  Basa niki ingkang dipun panuti lan dipun kocapaken dèning larè-larè awit balita nganti dèwasa. Milaniku basa sembok nglinggihi genah ingkang paling penting teng trubusè pikiran larè-larè.

Nanging basa ibu wau saniki siweg ngadepi ancaman, antawisè damphak saking globalisasi,  temonan èlmu kaweruh lan teknologi uga prabawa (pengaruh) basa gaul utawi basa alay. Basa niku  pakarti sawiji masyarakat sekantenan uga tetenger bangsa. Tatakrama utawi anggah-ungguh dipun ajareken dèning basa wewengkon,  nganti wasta-wasta kanggè satowan  lan pecilè.

Penyerat ngacungaken jempol,  nalika Kepala Disporabud Kota Cirebon (manten),  mama Dana Kartiman nganjuran, basa Cerbon kedah dipun dadosaken basa ater-ater pawulangan. ”Cekap gangsal menit mawon,”  capè piyambekè teng sawiji dinten.  Basa ater-ater dipun anjuraken kanggè unggal mata pelajaran punapa mawon, kadosdènè pelajaran basa, lan mata pelajaran eksakta,  sosial budaya lan sanès-sanèsè.

Dèrèng wonten kesadaran teng para tiyang sepuh wayah saniki nganggè ginauwi basa wau kelayan intens. ”Ari basa cerbon sih,  ora usah diajari. Mengko gèn bisa dèwèk,” capè rata-rata tiyang sepuh. Pandengan niki ngrupiyaken cara pandeng sederhana ingkang dipun lakukaken dèning tiyang ingkang awam teng basa. Amargi boten segampang kecapè tiyang ngomong.  Teng lebet basa wonten pernak-pernik, undak-usuk, karya sastra,  paramasatra,  bausastra,  dialèk,  idiolèk lan sanès-sanèsè.  Kaweruh basa piyambekè mung teng undagan guneman (percakapan) dèrèng teng undagan aprèsiasi.

Miturut  sastrawan Ajip Rosidi (2012), saking jumlah pituturè  basa ibu ingkang wonten teng Indonesia niku saged dipun bagi pinten-pinten kelompok.  Wonten ingkang jumlah pituturè puluhan juta, kadosdènè basa Sunda lan Jawa,  ingkang wonten jumlah pituturè teng inggil  sejuta, kadosdènè basa Cerbon, Madura, Batak,  Minang,  Bali, Bugis,  Banjar,  Acèh lan Melayu.  Lan wonten uga ingkang jumlah piturè mung èwuan tiyang lan malah mung pinten-pinten puluh tiyang mawon,  kadosdènè basa-basa teng Nusa Tenggara Wètan.

Kanggè ndadosaken basa Cerbon minangka basa ater-ater èlmu kaweruh utawi mata ajar teng sekolah,  kedah dipun pratikaken jumlah guru ingkang saged nguwasani basa wau.  Nah,  teng Cerbon sanajan basa puniki trubus teng Cerbon lan guru-gurunipun asli tiyang Cerbon, nanging katah ingkang boten nguwasani basa wau. Mekoten uga kedah dipun sadyakaken buku-buku mata ajar ingkang dipun karang dèning gegedug basa kang wonten teng riku,  saèngga perkawis dialèk,  idiolèk lan varian basa boten dipun anggep asing teng para guru lan  murid. Sementawis ini ater-ater basa Cerbon maksih kiyat dipun lakukaken dèning kalangan pesantrèn lan pengajian-pengajian teng kampung-kampung.***