CERBON sedurungé katekan agama Islam–kira-kira abad patwelas– masih ngrupakaken alas blegedegan kang singin miwa sungil. Lemaé ngrupakaken rawa-rawa kang anyeb lan ngecembeng banyuné. Ning tempat kang masih prawan mau tamtu baé durung ana sing wani nunggoni.

Nanging pirang-pirang taun sawisé, jagat Cerbon nembé diemék ning wong-wong sing sebrang. Disebutnang ning sajeroné “Kitab Leigeasta” sawiji waliullah sing nagari Cempa, kang aran Syékh Mursahadtillah putranipun Syekh Idofi Mahdi. Salah sawiji ulama kang nduwéni élmu kang duwur lan uga nduwéni keris pusaka tinggalané Langgahiyang Raja Tanah Jawa.

Ora setitik para sultan lan raja atawa rayat biyasa sekubengi negeri mau nekani tempaté kanggo nakonaken perkara kang kanggo déwéké ora bisa dipragatnang. Nalika sawiji dina Syekh Mursahadatillah lagi dzikir kusu’ ning Gusti Allah ta’ala, anggur-anggur ngrungu wisik kang ngomongnang, yén ajaran Islam kudu ngembang ning Tanah Jawa. Wisikan mau gagiyan baé dimaturaken ning mamaé Syekh Idhofi Mahdi.

Sawisé olih restu sing ramanipun déwéké mangkat ning Tanah Jawa lan nemoni Syékh Ahmad Rohmatullah, waliullah saking negeri Mesir Ampél Dénta. Séjéné nemoni wali mau, déwéké arep nemoni Syékh Datul Kahfi putra Sultan Chuffi sing Bagdad kang teka bareng keloro seduluré, Pangeran Panjunan lan Pangeran Kejaksan ning Gunung Jati.

Ning wayah mau rayat Tanah Jawa masih manuti ajaran Sanghyang.Lan nganggo nglakunang tugasé Syékh Mursadatillah nyrupa (nyamar) sawiji biarawan kang biyasa dilakonang déwéké unggal manjing ning pirang-pirang nagari. Salah sawiji muridé kang kawéntar, yaiku Nyi Mas Rara Subangkranjang, putri Ki Ageng Tapa.

Syiar Islam kang dilakunang déwéké maju kelawan cepet lan diterima ning endi-endi. Rayat njuluki ulama kang wicaksana mau, “Syékh Quro”, kang asal tembung quro, kang tegesé ahli ngaji. Kelawan cara-cara mau agama Islam diajarnang terang-terangan lan ora umpet-umpetan maning.

Syékh Quro déwék pugasé kawéntar minangka guru ngaji kang meneng ning Pulo Kelapa kang ngrupakaken nagari kepanjing Pajajaran.Ning tempat nganggo ngajiné mau diadegnang masjid kang sekiyen kawentar karo aran masjid Astana Gunung Jati Cerbon.

***

Prabu Siliwangi kang waktu kuwen dadi penguwasa minangka Raja Diraja kawéntar raja kang sakti mandraguna lan wicaksana. Piyambeké penganut agama Sanghyang kang taat.Sawisé ngrungu, Syékh Quro nyiaraken agama Islam.

Sang Prabu gagé mréntahaken Patih Tumenggung Argadwipa kanggo ngundang Syékh Quro lan muridé ning Keraton Pajajaran. Sang Prabu njaluk supaya Syékh Quro aja ngadegaken dakwah nyebaraken agama Islam, nanging perkara mau ditolak kelayan alus déning Syékh Quro.

Akibaté déwéké karo santriné kepaksa kudu ndekem ning bui.

Nanging rupané Prabu Siliwangi lagi naroh tresna ning sawiji santri ulama kang arané Nyi Mas Rara Subangkranjang kang pancén ayu wandhané.Wangwa katresnan terus murub mulad-mulad ning atiné Sang Prabu.

Nanging sawisé Sang Prabu njgajuknang lamaran, putri ayu njaluk syarat mas kawin “Lintang Kerti Jéjér Satus”.

Babad Cerbon wis nyatet yén Prabu Siliwangi kudu ngolihnang “lintang kerti” mau kang ora séjén sing dimaksud tasbéh kanggo wirid. Ngliwati pitunjuk Syékh Quro, Sang Prabu gagé mangkat ning Mekah, sawisé ngucap mantera kesakténé.

Ning tanah suci Mekah, Sang Prabu disambut déning sawiji aki-aki samaran saking Maulana Jaffar Sidiq.Prabu Siliwangi kagét nalika arané dikaweruhi déning aki-aki mau.

Aki-aki mau nétélaken, bisa mbantoni Sang Prabu kanggo nggulati “lintang kerti jejer satus”.Kelayan tulus Prabu Siliwangi ngucapaken kalih kalimat syahadat.

Sang Prabu gagé balik ning negeriné, Pajajaran, kanggo nglamar Nyi Mas Rara Subangkranjang.Lan kaliyané nglakukaken palakrama (pernikahan) disaksinang déning ulama agung kang ana ning Tanah Jawa.

Kelayan idzin saking Gusti Allah Ta’ala, Prabu Siliwangi nganjuraken ning para sesepuh keraton supaya manjing agama Islam.

Anjuran mau dituruti déning rayat Pajajaran. Saking palakrama sareng Prabu Siliwangi, Nyi Mas Rara Subangkranjang nurunaken Pangeran Cakrabuwana lan Nyi Mas Rarasantang, kang ngrupakaken embah buyuté Sultan Cerbon nganti sekiyen.***