Nurdin M Noer/KC Online.*

déning NURDIN M. NOER

Ketua Lembaga Basa lan Sastra Cerbon (LBSC)

 

WONTEN mitos (crita karangan ingkang boten jelas sumberé) yén lairé aksara “carakan” (hanacaraka) niku saking kedadosan tragis saking kalih utusan (data) cantrik lan murid Aji Saka ingkang sami-sami nggadahi kesaktén paling unggul.

Teng tradisi Jawa, masyarakaté nggadahi kapercayan, yén Aji Saka gegedug saking nagari India – disebut tiyang ingkang nyiptakaken aksara carakan Jawa keceluk sareng “Hanacaraka”.  Diawali kelayan crita wonten kalih cantrik (punawakan) kang wastané Sembada lan Dora. “Dorasembada” miturut Kamus Sansekerta ditegesi “bobad kepaksa”. Kalih-kalihané teguh nyepeng pesen saking doronipun (tuan/majikan) kanggé boten masrakahen bandha titipan teng sinten mawon. Pungkasan crita, kalihané sami-sami pejah lan nalika Aji Saka dugi teng genah “sawala” (tuker padu) wau kocap ukara,” “Ha na ca ra ka da ta sa wa la pa da ja ya nya ma ga ba ta nga” (Wonten kalih utusan, ingkang silih tuker padu, sami-sami sakti lan sami-sami perlaya).

Aksara “carakan Jawa” puniki nggadahi prabawa ingkang kiyat, saéngga aksara Sunda “ka ga nga…” katah diprabawani saking carakan wau. Pancén basa Sansekerta, ingkang awalé ngrupiyakan basa Indo Ariya (basa  Eropa campuran) dados “basa babon” basa-basa lokal teng Asia Kidul lan Tenggara (wétan-kidul). Nah, mekoten uga kaciptaning aksara alfabet (latin) ingkang lumrah dienggé teng wayah saniki, uga ngrupiyaken alih kode, saking gambar-gambar sato kéwan lan diringkes dados aksara kang dienggé nganti saniki.

Teng unggal masyarakat, manungsa sampun ngembangaken basa lésan lan seratan minangka sarana kanggé nyampékaken pesen lan makna. Wujud kang paling umum saking komunikasi padinan, yaniku “adhep wandha” (tatap muka, Indonesia) teng panggonan ingkang sami. Wujud kang paling dasar saking komunikasi kalih arah (tetemon utawi guneman antawis kalih tiyang). Contoh ukara teng guneman sedinten-dinten:

“Sampurasun……..”

“Rampés…………”

Wonten wartos saé ketingalé…?”

“Inggih, usum panén saniki remah (berlebih, Indonesia) pisan, katah tiyang tani seneng lan nglakoni syukuran dumateng Gusti Allah.”

Nanging wonten komunikasi “kalih arah” ingkang sami-sami dipahami sanajan kelayan basa ingkang bénten. Biyasanipun komunikasi jinis punika wonten teng masyarakat ingkang wewengkoné ngrupiyakan “tetemonan” antawis kalih basa, contohipun Cerbon lan Sunda. Masyarakat teng wewengkon wau biyasa guneman sareng kalih basa lan sami-sami dipahami. Contoh guneman ingkang disebut “alih kode”:

Heh, manéh ti mana waé, nggak nongol-nongol?”

“Ya, biyasalah nganto ning Jakarta…”

“Aya naon…”

“Icalan………”

Guneman wau ngrupiyaken contoh komunikasi “kalih arah” ingkang saé, sami-sami paham teng pangucapan piyambek-piyambek.

Komumikator kedah nyumerepi kanggé milai lan mungkasi guneman, pripun damel piyambeké paham, pripun nanggapi laporan mitra wiraosan, pripun uga caranipun guneman saling gantosan antawisé pasangan. Rasa isin utawi males “tanggap takén” disebut “adangan” teng selebeté komunikasi.

Pancén awit awal, tiyang perlu nglakukaken komunikasi ngliwati jarak utawi saking waktos lan budaya kang bénten basané. Nanging jarak antawis kalih budaya utawi langkung sampun sami-sami dipahami kelayan pengarten ingkang setara. Teng riki basa ngalami “alih kode” lan kepirengé dados boten lumrah lan sami-sami dipahami.***