Nurdin M Noer/KC Online.*

Dening Nurdin M Noer

TENG kitab Pustaka Rajya-Rajya i Bhumi Nusantara disebutaken awal paparan kisah kinten-kinten sejuta taun ingkang rumiyin nganti nem atus taun teng bumi Nusantara, utamané teng Nusa Jawi.

Teng naskah wau disebutaken :mangkana ta sangkṣépa mangené janma purwa yuga rikatipaya nusa-nusa i bhumi nusāntara/ makadi i bhumi jawadwipa/ hana ta pancha purwayuga pantaraning sowang-sowang yatiku/ prathama purwayuga sinebut satwapurusa ri purwayuga/ yata janma lumaku nira pinaka satwa/ yatiku pantaraning wānara/rasika tangmolah tunggal kayu-kayu lawan giri//yan ṣi(ra) madwandwa yudha mwang matyaning tan pāstra/ kawalyānggwāsta/tan anggonannggon tan pawésa//rasika tan makadrawyaning ambek kadi janma ngké/ ya labdhamanohara ring mahayunan kayu-ka10 yu// marika hurip pantaraning akara sayuta tkaning limang koti warḉa sadurung ing prathama ḉaka warḉa//

Tegesé : Mekaten pepeké pangupa (mengenai, Indonesia) manungsa zaman purba, nalika nusa-nusa ing bumi Nusantara, utamané Nusa Jawi. Wonten gangsal zaman purba, antawisé, zaman purba kawitan, kang disebat satwapurusa. Teng zaman purba wau manungsa mlampah kadosdéné satokéwan, yaniku separoh wanara. Piyambeké, mangggoni sesarengan teng wit-witaan lan gunung.
Yén piyambé tarung, setunggal lawan setunggal lan maténi tan sareng warastra (senjata), wonten uga ingkang nggadahi warastra lan boten nganggé busana. Piyambeké boten nggadahi rasa kadosdéné manungsa saniki. Piyambeké goyang-gaying teng wit-witan.

Gesang antawis sejuta taun nganti gasangsalatus naun sedéréngé tarikh saka (PRR-i-BN, alihterasi lan alihbasa Indonesia Undang Darsa, 2008. alihbasa Cerbon NMN).

Teng waktos saniku gesang lan ngembang manungsa iangknag ngdahai tabiat, kadosdéné sato kéwan. Wonten uga ingkang nyebat manungsa-kéwan saking zaman purba, amargi piyambeké lumampah kadosdéné sato kéwan seproh manungsa, Inggih gesang wjudipun, lan boten nggadahi panggonan kang tetep. Piyambeké ingkang kados wujud dénawa (raksasa/buta, Indonesia) sarta nggadahi wulu, tabiaté kasar.

Piyambeké gesang ngrompol lan boten katah. Wonten malih ingkang gesang teng wana (alas) ingkang singid miwa sungil kadosdéné wanara. Uga manggoni teng inggil wit-witan, gegunungan lan pinggiran lépén. Upami piyambeké tarung, setunggal lawan setunggal lan maténi tan sareng senjata, mung kanggé tangan, wuda boten nganggé busana, piyambeké boten nggadahi rasa kadosdéné manungsa saniki.

Piyambeké ditemoni ayun-ayunan teng inggil kajeng wit-witan. Manungsa kéwan niku wonten teng Nusa Jawi, teng wana Swarnabhumi (Sumatera), teng wana Mengkasar (Sulawesi), wana Bakulapura (Kalimantan) lan wewengkon sanésé.
Teng Nusa Jawi, kinten-kinten pitungatus gangsaléwu nganti tigangatus éwu naun ingkang rumiyin gesang manungsa kéwan ingkang lumampah kadosdéné manungsa, kulitipun werna abrit keireng-irengan, perilakuné saé lan langkung cerdas saking manungsa kéwan ingkang lumpampah kadosdéné satowan.

Unggal dinten sanatiyasa damel senjata saking balung lan séla (watu), sanajan dedamelané boten patiyan saé lan piyambeké boten nggadahi watek doso (pemarah, Indonesia). Piyambeké santiyasa diserang déning manungsa-kéwan ingkang kados manungsa, milaniku kalih golongan punika tarung kadosdéné manungsa ingkang widada (mahir, Indonesia).

Milaniku manungsa-kéwan ingkang lumampah kadosdéné sato kéwan pugasé telas, sedantené diperlayakaken tanwonten sisa saking amparan bumi. Kulit manungsa wu wernané cemeng.(wonten candhaké)***